Thursday, January 4, 2018

Contoh Soal Dan Jawaban Bahasa Daerah Kelas 10 (X) Semester 2 Terbaru

Seperti yang kita tahu, ujian adalah merupakan cara terbatas untuk mengukur kemampuan seseorang. Dalam hal di sekolah atau pelaksanaan ujian akhir semester/ penilaian akhir semester satu/ ganjil, ujian berfungsi sebagai salah satu alat untuk mengukur sudah sejauh mana para peserta didik berhasil menyerap pelajaran selama satu semester.

Ujian juga bisa dijadikan sebagai alat evaluasi untuk menilai berapa jauh pengetahuan sudah dikuasai dan ketrampilan yang sudah diperoleh selama satu semester yang sudah dijalani.





Untuk pelaksanaan UAS/ PAS baik semester 1 maupun semester 2, umumnya masih menggunakan media kertas dalam pelaksanaannya, baik model soal maupun media jawabnya. Untuk Ujian Nasional dan Ujian Sekolah, telah mulai dilaksanakan ujian yang berbasis UNBK atau komputer. Pelan-pelan UNKP/ berbasis kertas dan pensil akan tergeser dengan sistem UNBK tersebut.




Berikut Ini adalah contoh soal bahasa jawa beserta jawabannya

I.     Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang kokanggep bener!

1.        Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining prastawa diarani ….
a.       Layang                                          d. selebaran
b.       wara-wara                                     e. sedhahan
c.        majalah
2.        Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….  
a.       Brosur                                            d. iklan
b.       Majalah                                        e. sayembara
c.        Lelayu
3.        Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani ….
a.       Brosur                                            d. iklan
b.       Majalah                                        e. sayembara
c.        Lelayu          
4.        Wara-wara kang surasane andon kewasisan, cangkriman utawa pitakonan diarani …
a.       Brosur                                            d. iklan
b.       Majalah                                        e. sayembara
c.        Lelayu
5.        Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a.       titi mangsa                    d. purwaka basa
b.       peprenahan                  e. satata basa
c.        surasa basa

Diajari korupsi

Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki lemu ginuk-ginuk, tandane wus nemoni sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing tenanan, ben isoh entuk dhuwit akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi ora mungkin bisa nyukupi butuhe omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae. Gaweanku iki gawean cilik-cilikan ing kantor. Nanging piye carane supaya aku bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi. Mula kuwi, uripku sakulawarga sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya mundhak apik tinimbang saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala korupsi, sithik sithik wae. Sing cilikan wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho. Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe mesthi ya bisa. Elingana anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane aku iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!

6.        Paraga kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
a.       Klithuk                                          d. Bawana
b.       Eri                                                   e. Hayu
c.        Glendhoh
7.        Wos surasane crita Diajari korupsi iku yaiku …
a.       Klithuk uripe rekasa                                                   d. Klithuk uripe kepenak  
b.       Glendhoh ngajari korupsi                                          e. Klithuk ngajari korupsi  
c.        Glendhoh uripe rekasa
8.        Apa sesambungan antarane Klithuk lan Glendhoh ing critab Diajari korupsi iku? …
a.       sedulur                                                           d. kanca lawas SMA
b.       wong tuwane isih sedulur                           e. tangga desa  
c.        kanca kantor
9.        Crita kang surasane fakta kang surasane riwayat hidupe uwong kang ditulis dhewe sinebut …
a.       Otobiografi                                   d. Crita Sambung
b.       Cerkak                                           e. Crita Gambar
c.        Novel
10.    Crita bisa awujud fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. Crita kang surasane wujude crita kang critane sinambung sinebut …
a.       Otobiografi                                   d. Crita Sambung
b.       Cerkak                                           e. Crita Gambar
c.        Novel

Etimologi lan legendha asal
Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkene:

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba  tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara: "Hana caraka" tegese "Ana utusan"
"Data sawala" tegese "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegese "Padha digjayane"
"Maga bathanga" tegese "Padha dadi bathang".
Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen aksara Jawa iku diasta dening Aji Saka saka Tanah Hindhustan menyang Tanah Jawa.  Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkene kanggo mengeti rong panakawane sing setya nganti pati: Dora lan Sembada.  Kalorone mati amerga ora bisa mbuktekake dhawuhe sang ratu.  Mula Aji Saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Caritane kaya mengkene:
Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha leren. Aji Saka banjur nilar abdine loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.
Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik.  Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan.
Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Dewata Cengkar. Sang prabu iku senengane dhahar daginge wong. Kawulane akeh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihe ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswane. Para siswane padha tresna marang Aji Saka amerga dheweke seneng tetulung.Nalika semana Aji Saka mondhok neng omahe nyai randha Sengkeran dipek anak karo nyai randha.  Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswane Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Dewata Cengkar duka banget ora wong maneh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosake sang nata dadi dhaharane. Sang nyai randha lan patih dadi kaget banget. Nanging Aji Saka celathu yen wong loro iku ora usah kuwatir yen dheweke ora bakal mati.
Banjur Aji Saka diaterake ngadhep prabu Dewata Cengkar. Prabu Dewata Cengkar ya rumangsa eman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwune, yaiku nyuwun lemah saiket jembare. Sing ngukur kudu sang prabu dhewe. Sang prabu Dewata Cengkar iya banjur nglilani.
Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhewe.  Ikete Aji Saka dijereng. Ikete tansah mulur bae, dadi amba serta dawa. Iya dituti wae dening sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis meped ing pinggir segara, ikete dikebutake. Dewata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratune sing diwedeni wis sirna. 
Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk Prabu Jaka, iya prabu Widayaka. Dene patihe isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadekake bupati, ngarane tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada.
Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih sarta para bupati. Sang prabu kengetan abdine sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. 
Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriye wartane si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwe ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi.  Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustine wis jumeneng ratu ana ring Mendhang Kamolan.  Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewalere gustine, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yen ora tinimbalan.
Nanging si Dora nekad arep sowan dhewe. Si Sambada ditilapake. Banjur mangkat ijen wae. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali dening si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem.
Wong telu banjur sowan ing ngarsane sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yen dheweke ora gelem diajak. Mireng ature si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhe dhewe mbiyen. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yen meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerise dibalekake.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yen mentas sowan gustine. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhane si Dora. Banjur padha padu rame. Suwe-suwe padha kekerengan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayane. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perange sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabeh.
Sang Prabu ngarep-arep tekane si Dora. Wis sawetara suwene teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi enggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kaget banget dene si Dora lan si Sambada ketemu wis padha mati kabeh. Tilase mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumlethak ana ing sandhinge. Pusaka banjur dijupuk arep diaturake marang gustine. Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsane gustine lan mratelake kahanane. Sang Prabu Widayaka kaget banget mireng pawarane, awit pancen kaluputane dhewe wis kesupen pandhawuhe. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mengeti abdine loro iku.

11.    Aksara Hanacaraka jenenge dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing unine "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahe ana rongpuluh lan nglambangake kabeh fonem basa Jawa. Kang duwe teges padha digdayane yaiku …
a.       ha na ca ra ka                              d. ma ga ba  tha nga
b.       da ta sa wa la                                               e. nga tha ba ga ma
c.        pa dha ja ya nya
12.    Kacarita ing jaman mbiyen ana wong saka Tanah Hindhustan anom jenenge Aji Saka. Dheweke putrane ratu, nanging kepengin dadi pandhita sing pinter. Kasenengane mulang kawruh rupa-rupa. Dheweke banjur pengin lunga mencarake ngelmu kawruh ing Tanah Jawa.Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdine papat sing jenenge kaya ing ngisor iki, kajaba ….
a.       Duga                                              d. Sambada
b.       Prayoga                                         e. Digdaya  
c.        Dora
13.    Dene Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik.  Dora lan Sambada diweling ora oleh lunga saka kono. Saliyane iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakane, didhawuhi ngreksa, ora oleh dielungake marang sapa-sapa. Aji Saka banjur tindak karo abdine loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing Negara …..
a.       Tanah Majethi
b.       Mendhang Kamolan
c.        Pulo Jawa
d.       Tengger  
e.        Ngastina
14.    Awit ratune sing diwedeni wis sirna. Seka panyuwune wong akeh. Aji Saka ngganteni jumeneng ratu ajejuluk … .
a.        Prabu Jaka                                                    d. Prabu Tengger
b.        Prabu Dewata Cengkar                              e. Prabu Aji Saka
c.        Prabu Kresna  
15.    Abdine Aji  Saka kang didhawuhi bali menyang pulo Majethi yaiku … .
a.       Duga                                              d. Sambada
b.       Prayoga                                         e. Digdaya 
c.        Dora
16.    Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg yaiku …
a.       Parikan                                                          d. geguritan
b.       Wangsalan                                                    e. candra sangkala
c.        Cangkriman
17.    Unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake yaiku …
a.       Parikan                                                          d. geguritan
b.       Wangsalan                                                    e. candra sangkala
c.        Cangkriman
18.    Jenang gula, kowe aja …
a.       Lali
b.       kadingaren
c.        judheg
d.       cengklungen
e.        kemba
19.    Gayung sumur, aja  aja mundur.
a.       Lali
b.       kadingaren
c.        judheg
d.       cengklungen
e.        kemba
20.    Jangan gori, nganti ….. anggonku ngrasakake.
a.       Lali
b.       kadingaren
c.        judheg
d.       cengklungen
e.        kemba
SUMIMPEN ING POJOK ATI
                   Dening : Tatiek Kalingga 

Kanthi ati kang krasa rinujit,
Kepengin ndak rakit gurit,
Sanajan krasa perih lan sakit,
Nyangga panandhang kang kudu dilampahi.
Nggoleki apa maknane saripati,
Yen ing kanyatan tansah tumindak nglarani,
Alam krasa panas bumi uga nangis,
Lan amarah tan bisa diendhani,
Nanging aku yakin isih ana sunar suci,
Sih katresnan, rasa tentrem kang sumimpen
                                                                                 Ing pojok ati

Uga rasa tulus lan luhuring budi pekerti.
Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip iki,
Tanpa kendhat nyuwun berkahing Gusti
21.    Kang dikarepake Kanthi ati kang krasa rinujit yaiku 
a.       Ati kang bungah                          d. Ati kang kelara-lara 
b.       Rasa kang mantep                      e. Ati kang kelegan
c.        Ati kang serakah
22.    Wos surasane paragraf kapisan yaiku …
a.       Gegambaran ati kang kelara-lara                            d. Ngerteni kahanan kang endah
b.       Tumindak kang nalisir                                               e. Donga marang Gusti
c.        Ora bisa kecukupan
23.    Wos surasane paragraf kapindho yaiku 
a.       Gegambaran ati kang kelara-lara                            d. Ngerteni kahanan kang endah
b.       Tumindak kang nalisir                                               e. Donga marang Gusti
c.        Ora bisa kecukupan
24.    Tegese tembung ratri ing ukara Donga ing tengahing ratri, muga dadi tamba jampi urip ikiyaiku 
a.       esuk                                                d. surup
b.       awan                                              e. bengi
a.       sore
25.    Saora-orane ana patang kegiyatan kang kudu ditindakake sadurunge pawongan iku arep maca geguritan. Kegiyatan kang kudu ditindakake yaiku kaya ing ngisor iki, kajaba 
a.       analisis situasi                                              d. gegladhen
b.       milih geguritan                                             e. manut kang nglatih
a.       ngonceki (ndhudhah) geguritan
26.    Aku sakluwarga nalika lelungan menyang Yogja bingung, amarga papan dunung alamat sing bakal diparani durung ngerti, mula ing ndalan aku takon marang wong kang ngreti papan iku. Basa kang prayoga dienggo nalika takon alamat menyang wong liya yaiku…
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama alus                                                                   e. Ngoko alus
c.        Krama andhap
27.    Mas, sampeyan benjing diutus bapak dhateng Solo. Basa kang digunakake yaiku…
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                                                  e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap
28.    Wektu nggone Pakdhe kagungan kersa, sampeyan apa ora ngerti? Basa kang digunakake yaiku…
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama alus                                                                   e. Ngoko alus
c.        Krama andhap
29.    Le, aku sesuk terna menyang Puskesmas, amarga sesuk wayahe kontrol.  Basa kang digunakake yaiku…
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                                                  e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap
30.    Aku duwe niyat, yen ing kelas sepuluh iki kudu bisa antuk prestasi kang nyenengake bapak lan ibu. Pratelan iku nggunakake basa …
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                                                  e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap
31.    Dina iki penjenengan arep tindak ngendi, Mas? Yen ora ana acara aku arep nyuwun tulung. Basa kang digunakake yaiku …
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                                                  e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap
32.    Mangsa rendheng wus tumiba, mula saka iku awake dhewe kudu bisa njaga kewarasane dhewe-dhewe. Basa kang digunakake yaiku …
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                                                  e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap
33.    Suwe banget aku ora ketemu karo kancaku sing jenenge Baruna. Dheweke iku biyen kancaku saklas. Sawise padha lulus nganti tekan wis padha duwe anake, sepisan wae aku durung ketemu. Basa kang trep digunakake lamun aku ketemu karo Baruna yaiku …
a.       Krama                                                                           d. Ngoko lugu
b.       Krama Alus                                                                  e. Ngoko Alus
c.        Krama Andhap
34.    “Ibuk, tindak dhateng toko badhe …. menapa? Kok boten nimbali kula mawon, janipun kula ugi badhe …. Buku tulis kangge cathetan.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku .... 
a.       mundhut, mundhut                                                     d. mundhut, tuku
b.       tumbas, tumbas                                                           e. tumbas, mundhut
c.        mundhut, tumbas
35.    “Mas, kula dipundhawuhi Bapak, sampeyan dipundhawuhi …. rumiyin, sabab Bapak kala wau sampun …. wonten kantor.” Tembung kang bener kanggo ngisi ceceg-ceceg kasebut yaiku ….
a.       dhahar, dhahar                                                            d. maem, dhahar
b.       nedhi, nedhi                                                                  e. dhahar, maem
c.        nedhi, dhahar


KUNCI SOAL BAHASA JAWA KELAS X

I.
1.     B             11. C     21. D     31. E     
2.     C             12. E     22. A     32. D     
3.     D             13. B     23. E     33. A     
4.     E             14. A     24. E     34. C     
5.     D             15. C     25. E     35. C     
6.     C             16. A     26. A     
7.     B             17. B     27. A    
8.     D             18. A     28. E   
9.     A             19. E     29. D    
10.  D             20. C     30. D        


EmoticonEmoticon